The Challenge
Malaria Papua iki pancen rodok kereng, lha mosok lagi sak ulan nang kene wes kenek penyakit iki peng papat, lah wong aku limang taon nang kalimantan ae cumak kenek peng pindo. Seng saiki kumat maneh iki rodok aneh pisan, sabendino kumate rodok rajin, ben tangi turu isuk biasane awak seger, koyok wong sehat seger waras..ras pokoke, mari adus, sarapan, ngopi sak rokokane kabeh mari sampek jam songo-an. Lah iki…..sejam maneh mulai arep teko, biasane sitik-sitik mulai nggreges, ngelu sampek akhire aku kudu bungkusan rapet koyok entung, mlungker dibrongsong selimut tebel, persis koyok uler arep dadi kupu. Biasane kondisi koyok ngene mari sampek jam papat sore, alon-alon waras maneh, seger buger koyok wong sehat. Seng koyok ngene iki rutin bendino, mulai nggreges jam sepuluh, mari jam papat, sek talah aku iki loro opo kesurupan yo? koyok kelebonon jin iprit, waras, gendeng, waras, gendeng….. detail







